Jumat, 31 Mei 2013

Makna Musik Jawa

MAKNA TEMBANG/ LAGU-LAGU MASYARAKAT JAWA
1. Maskumambang
Gambarake jabang bayi sing isih ono kandhutane ibune, sing durung
kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa
wadhon, kumambang ateges uripe ngambang nyang kandhutane ibune.

2. Mijil
ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.

3. Kinanthi
saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa
mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.

4. Sinom
tegese kanoman, minangka kalodhangan sing paling penting kanggone
remaja supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.

5. Asmaradana
tegese rasa tresna, tresna marang liyan ( priya lan wanita lan kosok
baline ) kang kabeh mau wis dadi kodrat Ilahi.

6. Gambuh
saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yen wis jumbuh / sarujuk
njur digathukake antarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa
tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.

7. Dandanggula
Nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuh
biso kasembadan. Kelakon duwe sisihan / keluarga, duwe anak, urip
cukup kanggo sak kaluarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong
atine, bisa diarani lagu ndandanggula.

8. Durma
Saka tembung darma / weweh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripe,
banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi
nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin darma / weweh
marang sapadha - padha. Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange
agama lan watak sosiale manungsa.

9. Pangkur
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka.
Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha - padha.

10.Megatruh
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi
wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.

11.Pocung / Pucung
Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong
sak durunge dikubur.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar